Kancil lan Pitik Walik
sing rumongso kudu lucu
sing rumongso kudu lucu
Sawijining ndino Pitik Walik luga adoh, terus ndelik ning guwo
Slarong karo nangis nggero-nggero ngantek krungu dening Kancil sing lagi neliti
wit-witan sing iso urip ning njero guwo.duniashinichi.blogspot.com
“Kowe ki ngapa tho kok nangis Pitik Walik” pitakone Kancil
“Aku sedih banget Kancil. Aku iki beda karo pithik-pithik
liyane. Wuluku kwalik kaya ngene, ora rapi kaya pithik liyane”
“Wis rapopo. Saukur wulu kok ndadak digawe mumet. Aku malah ora
nduwe wulu!” jawabe Kancil
“Aku capek kancil. Aku kesel banget pendak ndino kudu ngarang
cerita sing aneh-aneh ben pada gelem cedhak karo aku. Kanca-kancaku mesthi dho
ora gelem srawung karo aku sing wulune aneh menawa aku ora iso gawe ngguyu”
“Wooooo kowe salah pangiro kuwi! Kowe rasah lucu kanca-kancamu
ya padha seneng cedhak karo kowe kok. Malah akeh sing seneng menawa kowe gelem
ngrungokkake ceritane liyan. Salah menawa awakmu ngiro kudu lucu utawa ngomong
sing menarik perhatian ben ditresnani liyan” celathune Kancil
“Hooh po? Aku rasah kudu pendhak ndino ndagel ben disenengi
dening kanca-kancaku?”
“Laiyo rasah thumbs down! Mbak Dewi juraganmu iku malah sok
makani aku, arepo dudu ingon-ingone tur ora lucu. Aku iki ora tau ndagel ya iso
nduwe kanca akeh kok!. Sing penting kowe seneng tetulung marang kancamu lan
gelem ngrungokke pendapate kancamu. Sing luwih utama ora pakewuh ngandani
kancamu bab kebenaran lan tumindak sing keliru” nasehate Kancil
“Tak delok bener kandhamu Kancil. Kancamu iku akeh banget, luwih
akeh tinimbang kancaku arepo kowe ora iso ndagel. Wah tiwas aku rumongso kudu
nglucu wae pas lagi kumpul karo kanca-kancaku. Rumangsaku nek aku ora iso
nggawe guyu bakalan ditinggal karo kanca-kancaku”
“Ora Walik!. Ora bakal ditinggal kanca sing apik-apik. Kowe
saiki uripo sing habitual wae. Ngomong lucu ya rapopo, ning rasah digawe-gawe.
Mesthi akeh wong liyo sing cocok karo kowe” ujare Kancil
“Yoh nek ngono aku tak rasah mekso awakku kudu lucu. Aku arep
apa anane wae. Aku wis kesel banget ndadak nglucu saben ndino. Maturnuwun
Kancil, kowe pancen kancaku sing barrier wicaksono” celathune Pithik Walik
kanthi rupa sumringah.
Wiwit dino iku Pitik Walik wis ora meksa large awake nglucu
terus pnedhak dino. Awale pitik-pitik liyane pada gumun kok saiki Pitik Walik
perilakune bedha. Nanging suwe-suwe kancane malah tambah akeh amarga Pitik
Walik seneng ngrungokke omongane pithik liyane
TAMAT
Oleh :
Ayu Andrian Tohalifah
9-J/08
Tidak ada komentar :
Posting Komentar